Sabtu, 17 September 2011

NOVEL JAWA

TRETES TRINTIM DETEKTIF HANDAKA

Indonesia lagi ora tentrem, ana wong sugih ing Semarang jenenge Kuswahartaka omahe dirampog. Perampoge mekso suapaya ngandani anggone nyimpen duit. Perampoge njupuk duit, njupuk brangkas lan nyiksa Kuswahartaka.

Kuswahartaka njalok tulung detektif Handoko supaya nglacak perampog kui mau. Nanging sakdurunge, Kuswahartaka uwis sraya detektif Gambira sing uwis ngenehi telegram-telegram kang isine yaiku prampoge wis dilacak mlayu menyang Tretes. Kuswahartaka nyritakake marang detektif Handoko anggone perampog mbobol isi brangkase lan telegram-telegram sing dietung detektif Gambira. Telegram-telegram kui isine ngandakake wong kang wis ngrampog omahe Kuswahartaka jenenge Darmala. Darmala mlayu menyang Tretes arep ngrampog saudagar sugih sing liyane. Sak wise mangerteni informasi kui wau, detektif Handoko nyusul nglacak prampoge.

Ing Hotel Larasing Paraden akeh tamu. Tamu kui ana saudagar brewu saka Jakarta (Muchtarum), para tamu polisi saka Semarang sing lagi nyamar (Suradenta, Martinus, lan Yusmanan), wartawan saka Semarang (detektif Gambira), uga tamu wadon (Waratinah) kang nginep tanpa ana kancane. Waratinah sumringah banjur kenalan karo Muchtarum. Sakwise kenalan, Waratinah banjur ngejak Muchtarum ngancani golek telepon kanggo nelpon kangmase lan ngejak mlaku-mlaku ana ing sakiwa tengene pegunungan.

Para tamu polisi mau nduweni tujuan nglacak Darmala kang kabare mlayu ana ing Tretes. Amargi polisine durung ngerti rupane Darmala, para polisi banjur ngawasi para tamu ana ing hotel, utamane ngawasi Muchtarum. Muchtarum kabare arep dadi korban perampokan.

Waratinah lunga nganggo skuter, Martinus nututi nganggo motor. Waratinah tekan wisma ing Prigen nggoleki kangmase naning ora ana, banjur weling karo penjaga wisma arep bali meneh sawatara jam mengkas. Waratinah bali meneh ana ing wisma, nanging kangmase durung bali, banjur Waratinah nitip kitir kanggo kangmase. Kadi njobo wisma, Martinus ndelok solah bawane Waratinah.

Sakwise Waratinah lunga, Martinus mlebu takon apa mau sik wis dinehke Waratinah. Martinus ngaku nek deweke polisi saka Semarang, wong kuru kang jaga omah kuwi ngenehake kitire saka Waratinah kang isine ngandhakake menawa Waratinah ditutke polisi saka hotel ing Tretes tekan wismane. Martinus kaget moco kitire, awake ndredhek kabeh amarga anggone nyamar wis konangan.

Matinus laporan karo inspekture menawa Waratinah kuwi adhine Darmala. Inspektur Suradenta kaget krungu laporane Martinus. Polisi mau banjur ngati-ati uga ngawasi solah bawane kang dilakoni karo Waratinah. Inspektur Suradenta uga kandha karo detektif Gambira supaya ngawasi lan ngati-ati anggone nglacak Darmala.

Nalika Waratinah mlaku-mlaku, Waratinah wiruh detektif Gambira mbukak lawang kamar, nalika uwis aman Waratinah banjur mlebu. Waratinah ngoobrak-abrik lan nemu buku cilik saka kepolisian banjur didelekake ing panggonan kang luwih aman. Wektu Waratinah arep metu, ujug-ujug detektif Gambira mlebu ing kamare. Detektif Gambira nesu marang Waratinah, nanging Waratinah iso metu saka kamar kuwi.

Ing dalan, Waratinah wiruh Muchtarum mlaku kanti lemes, banjur Waratinah mapah Muchtarum tekan kamare. Ing kamar Waratinah nemu kitir ing kathoke Muchtarum. Kitir mau isine Muchtarum dikongkon ngenehke duit karotengah yuta ing guwa pasareane Mbah Jaga awan iki. Waratinah langsung lunga menyang guwa nggawa kitire.

Kahanane guwa peteng ndedet, Waratinah mlebu guwa sambi nyulet rek. Ing guwa Waratinah weruh ana uwong nganggo klambi putih senderan ing pojoking guwa. Waratinah nyedaki lan nakoni, nanging ora diwangsuli. Uwong mau ora napas, ujug-ujug nglumbruk, jebule kuwi mayit kang disenderake. Ujug-ujug ana uwong kang nangkep lan ngecrek tangane Waratinah. Waratinah dikira nduwe tujuan ala amarga Waratinah adhine Darmala.

Waratinah lan menejer hotel dikecrek karo Inspektur Suradenta amarga dikira dadi klomplotane Darmala. Tekan hotel, penjaga hotel kang iseh anyar bingung ana apa kok rame-rame lan ana masalah apa kok manajer hotele dikecek polisi.

Waratinah akon polisi nileki kamare Muchtarum amarga Muchtarum diancam arep dipateni Darmala. Muchtarum nyepelekake perintahe Darmala supaya ngirimi duit karotengah yuta. Polisi langsung mlebu kamare Muchtarum, Muchtarum uwong kang patut dijagani. Detektif Gambira di pojokake ing pojoking kamare Muchtarum lan diancem nganggo pistol karo penjaga hotel. Polisi, manajer hotel, lan Waratinah kaget wiruh kadadean kuwi. Penjaga hotel banjur ngandakake menawa detektif Gambira kuwi sakjane Darmala, Darmala mateni detektif Gambira lan mekso uga ngancem detektif Gambira ngenehake identitas detetktif lan bukune kang wis dicap saka polisi.

Polisi kaget amarga uwong kang dipercaya jebule buronan kang digolek-goleki lan mberbayani.Darmala banjur ditangkep, aja ngangsi ucul meneh. Ora disangka penjaga hotel kuwi sakjane detektif Handaka.. Detektif Handaka sraya Waratinah kanggo ngawasi detektif Gambira palsu lan ngandakake kahanan ing Hotel Larasing Paraden. Detektif Handaka kang wis ngenehi kitir kanggo Martinus pas ana ing wisma. Saiki fakta wis ketok, buronane wis ketangkap.

***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar