Tampilkan postingan dengan label dita restuti. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label dita restuti. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 17 September 2011

NOVEL JAWA

TRETES TRINTIM DETEKTIF HANDAKA

Indonesia lagi ora tentrem, ana wong sugih ing Semarang jenenge Kuswahartaka omahe dirampog. Perampoge mekso suapaya ngandani anggone nyimpen duit. Perampoge njupuk duit, njupuk brangkas lan nyiksa Kuswahartaka.

Kuswahartaka njalok tulung detektif Handoko supaya nglacak perampog kui mau. Nanging sakdurunge, Kuswahartaka uwis sraya detektif Gambira sing uwis ngenehi telegram-telegram kang isine yaiku prampoge wis dilacak mlayu menyang Tretes. Kuswahartaka nyritakake marang detektif Handoko anggone perampog mbobol isi brangkase lan telegram-telegram sing dietung detektif Gambira. Telegram-telegram kui isine ngandakake wong kang wis ngrampog omahe Kuswahartaka jenenge Darmala. Darmala mlayu menyang Tretes arep ngrampog saudagar sugih sing liyane. Sak wise mangerteni informasi kui wau, detektif Handoko nyusul nglacak prampoge.

Ing Hotel Larasing Paraden akeh tamu. Tamu kui ana saudagar brewu saka Jakarta (Muchtarum), para tamu polisi saka Semarang sing lagi nyamar (Suradenta, Martinus, lan Yusmanan), wartawan saka Semarang (detektif Gambira), uga tamu wadon (Waratinah) kang nginep tanpa ana kancane. Waratinah sumringah banjur kenalan karo Muchtarum. Sakwise kenalan, Waratinah banjur ngejak Muchtarum ngancani golek telepon kanggo nelpon kangmase lan ngejak mlaku-mlaku ana ing sakiwa tengene pegunungan.

Para tamu polisi mau nduweni tujuan nglacak Darmala kang kabare mlayu ana ing Tretes. Amargi polisine durung ngerti rupane Darmala, para polisi banjur ngawasi para tamu ana ing hotel, utamane ngawasi Muchtarum. Muchtarum kabare arep dadi korban perampokan.

Waratinah lunga nganggo skuter, Martinus nututi nganggo motor. Waratinah tekan wisma ing Prigen nggoleki kangmase naning ora ana, banjur weling karo penjaga wisma arep bali meneh sawatara jam mengkas. Waratinah bali meneh ana ing wisma, nanging kangmase durung bali, banjur Waratinah nitip kitir kanggo kangmase. Kadi njobo wisma, Martinus ndelok solah bawane Waratinah.

Sakwise Waratinah lunga, Martinus mlebu takon apa mau sik wis dinehke Waratinah. Martinus ngaku nek deweke polisi saka Semarang, wong kuru kang jaga omah kuwi ngenehake kitire saka Waratinah kang isine ngandhakake menawa Waratinah ditutke polisi saka hotel ing Tretes tekan wismane. Martinus kaget moco kitire, awake ndredhek kabeh amarga anggone nyamar wis konangan.

Matinus laporan karo inspekture menawa Waratinah kuwi adhine Darmala. Inspektur Suradenta kaget krungu laporane Martinus. Polisi mau banjur ngati-ati uga ngawasi solah bawane kang dilakoni karo Waratinah. Inspektur Suradenta uga kandha karo detektif Gambira supaya ngawasi lan ngati-ati anggone nglacak Darmala.

Nalika Waratinah mlaku-mlaku, Waratinah wiruh detektif Gambira mbukak lawang kamar, nalika uwis aman Waratinah banjur mlebu. Waratinah ngoobrak-abrik lan nemu buku cilik saka kepolisian banjur didelekake ing panggonan kang luwih aman. Wektu Waratinah arep metu, ujug-ujug detektif Gambira mlebu ing kamare. Detektif Gambira nesu marang Waratinah, nanging Waratinah iso metu saka kamar kuwi.

Ing dalan, Waratinah wiruh Muchtarum mlaku kanti lemes, banjur Waratinah mapah Muchtarum tekan kamare. Ing kamar Waratinah nemu kitir ing kathoke Muchtarum. Kitir mau isine Muchtarum dikongkon ngenehke duit karotengah yuta ing guwa pasareane Mbah Jaga awan iki. Waratinah langsung lunga menyang guwa nggawa kitire.

Kahanane guwa peteng ndedet, Waratinah mlebu guwa sambi nyulet rek. Ing guwa Waratinah weruh ana uwong nganggo klambi putih senderan ing pojoking guwa. Waratinah nyedaki lan nakoni, nanging ora diwangsuli. Uwong mau ora napas, ujug-ujug nglumbruk, jebule kuwi mayit kang disenderake. Ujug-ujug ana uwong kang nangkep lan ngecrek tangane Waratinah. Waratinah dikira nduwe tujuan ala amarga Waratinah adhine Darmala.

Waratinah lan menejer hotel dikecrek karo Inspektur Suradenta amarga dikira dadi klomplotane Darmala. Tekan hotel, penjaga hotel kang iseh anyar bingung ana apa kok rame-rame lan ana masalah apa kok manajer hotele dikecek polisi.

Waratinah akon polisi nileki kamare Muchtarum amarga Muchtarum diancam arep dipateni Darmala. Muchtarum nyepelekake perintahe Darmala supaya ngirimi duit karotengah yuta. Polisi langsung mlebu kamare Muchtarum, Muchtarum uwong kang patut dijagani. Detektif Gambira di pojokake ing pojoking kamare Muchtarum lan diancem nganggo pistol karo penjaga hotel. Polisi, manajer hotel, lan Waratinah kaget wiruh kadadean kuwi. Penjaga hotel banjur ngandakake menawa detektif Gambira kuwi sakjane Darmala, Darmala mateni detektif Gambira lan mekso uga ngancem detektif Gambira ngenehake identitas detetktif lan bukune kang wis dicap saka polisi.

Polisi kaget amarga uwong kang dipercaya jebule buronan kang digolek-goleki lan mberbayani.Darmala banjur ditangkep, aja ngangsi ucul meneh. Ora disangka penjaga hotel kuwi sakjane detektif Handaka.. Detektif Handaka sraya Waratinah kanggo ngawasi detektif Gambira palsu lan ngandakake kahanan ing Hotel Larasing Paraden. Detektif Handaka kang wis ngenehi kitir kanggo Martinus pas ana ing wisma. Saiki fakta wis ketok, buronane wis ketangkap.

***

Surat Perjanjian Jual Beli

Surat Perjanjian Jual Beli

Pada hari ini, Rabu, 29 September 2010, kami yang bertanda tangan di bawah ini

1. nama : Dita Dwi Restuti

umur : 26 tahun

pekerjaan : Direktur CV Dita Racing Production

alamat : Jalan Srandakan 2,5 Bantul

selanjutnya disebut Pihak Pertama (penjual).

2. nama : Beni Susanto

umur : 28 tahun

pekerjaan : Manajer Suzuki Pertamina Denso Junior Team

alamat : Jalan Katamso 16,9 Bantul

selanjutnya disebut Pihak Kedua (pembeli).

Pihak Pertama dan Pihak Kedua telah sepakat untuk mengikat diri dalam satu perjanjian jual beli motor dengan syarat dan ketentuan-ketentuan yang dituangkan dalam pasal-pasal sebagai berikut.

Pasal 1

Objek Perjanjian

Pihak Pertama menjual sebuah motor Suzuki FU tahun 2009 berwarna biru dengan plat motor AB 171 TA kepada Pihak Kedua. Pihak Kedua dengan ini menyatakan telah membeli sebuah motor milik Pihak Pertama.

Pasal 2

Harga dan Cara Pembayaran

1. Kedua belah pihak telah menyetujui jual beli motor dengan harga yang disepakati yaitu Rp 15.000.000,00 (lima belas juta rupiah);

2. Sistem pembayaran dilakukan melalui rekening CV Dita Racing Production.

Pasal 3

Hal-hal yang Tidak Diinginkan

Jika Pihak Kedua menerima objek perjanjian dalam keadaan rusak atau tidak komplit, maka Pihak Kedua berhak untuk mengembalikan kepada Pihak Pertama dan Pihak Pertama wajib menggantinya sesuai ketentuan.

Pasal 4

Biaya Lain-lain

Biaya pembuatan surat perjanjian jual beli ini dan segala biaya yang berhubungan dengan objek perjanjian menjadi tanggung jawab Pihak Kedua.

Pasal 5

Kekuatan Hukum

Apabila terjadi perselisihan sehubungan dengan perjanjian jual beli ini, maka akan diselesaikan dengan jalan musyawarah oleh kedua belah pihak. Apabila tidak dapat diselesaikan dengan jalan musyawarah, maka akan diselesaikan melalui Pengadilan Negeri Bantul.

Pasal 6

Ketentuan Tambahan

Apabila dalam pembuatan perjanjian jual beli ini masih terdapat hal-hal yang belum diatur, maka kedua belah pihak setuju untuk mengadakan penambahan lembaran halaman kontrak dan atau perjanjian tersendiri. Setiap penambahan akan ditandatangani oleh kedua belah pihak dan merupakan bagian yang tidak terpisahkan dari perjanjian jual beli ini.

Bantul, 29 September 2010

Pihak Pertama Pihak Kedua

Dita Dwi Restuti Beni Susanto

Saksi-saksi:

1. Rahmad Haryanto

2. M. Raihan

KETHOPRAK JAWA

A. Kethoprak

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.

B. Sajarah

Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut “Kethoprak Lesung”, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku: Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma-Darmi, lan sapanunggalane.

Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi apik lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

C. Jinis

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke:

  • Kotekan Lesung: awujud awal mulane kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran kethoprak.
  • Kethoprak Lesung Wiwitan: wiwitane saka kotekan lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita, panguripane para tani.
  • Kethoprak Lesung: amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran kethoprak.
  • Kethoprak Gamelan: wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman “mesiran” ( Baghdad ).
  • Kethoprak Gamelan Pendhapa: carita-caritane ngemungake carita babad, dipagelarake nganti seprene. Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing gedhung/panggung, yaiku kasebut Kethoprak Pendhapa (pagelarane ana ing pendhapa).
  • Kethoprak Panggung: iki pagelaran kethoprak ingkang pungkasan, yaiku kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay, Maling saka Bagdad, lan sapanunggalane).

Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis, uga kanggone para nayaga (pemain) lan pradangga (penabuh gamelan) kethoprak wis dadi panguripan. Teknik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saka Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

D. Isi Carita

Rupa-werna carita pagelaran kethoprak, umpamane carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah, lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (carita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (carita Panji), Ande-ande Lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka Bodo.

Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan apik antuk kamenangan.

Ageman para nayaga pemain di padhaake karo carita kang dipagelarake. Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, agemane ngangga priyayi Jawa pangeran saka tlatah Jawa Tengah (Yogyakarta). Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis, umpama piyantun wicaksana aweni ageman cemeng, piyantun suci awerni ageman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen wayang wong uga ana gegayutan karo kethoprak, utamane kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih Pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

Uga ana ageman kasebut basahan, yakuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan, bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane uga nganggo jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine kethoprak: carita kanthi para nayaga/pemain, kaering tabuhan (gamelan), ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak. Rembugan uga biasa nganggo tembang, dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe), utawa dadi narasi.

Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine.

E. Perangkat Pengiring

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang, kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi lan nari. Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono), ngeringi irama gamelan kethoprak.

Senadyan sing dinggo basa Jawa nanging kudu nganggo unggah-ungguh basa. Bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan krama inggil.

Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran radio lan televisi. Carita bakune padha, nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe guyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak Ora Jangkep.